Wednesday, July 1, 2015

Sang Putri

Putri Intan Suko inggih punika putri ingkang ketigo saking pasangan Bpk. Sukowihardi kaliyan Ibu Tumirah. Lahir wonten dinten Rebo pon 12 Juni 1996, Bongas Kec. Watukumpul Kab. Pemalang. Asma Putri Intan Suko nggadahi arti ingkang dados pangarepan agung tiyang sepuh kekalih. Putri nggadahi arti larenipun raja utawi penguasa daerah ingkang estri, kedah gadah tingkah laku kang saged dados pepujaning masyarakat lan dados pusat perhatian utawi cecontoh kagem masyarakatipun, saged njaga asma saene diri piyambak, keluargi, masyarakat lan nusa bangsa. Intan inggih punika salah sawijining perhiasan ingkang awis lan langkung dipadosi, kedah putih berkilau nanging agung. Intan salah sawijining material ingkang paling keras sadunyo, kedah gadah pemikiran lan pendirian kuat, teguh, lan keras. Suko inggih puniko dipendet saking asmanipun Ramane Sukowihardi. Ing tanah Jawi Suko = suka, seneng, kagungan perasan suka cita. Putri Intan suko saged dimaknaake "seorang Putri berkilau seperti Intan yang membawa Suko cita" "Intan adalah Putri dari pak Suko" Mugi saged sesuai pengarepan. Putri Intan Suko sejatine gadah sifat ingkang unik inggih punika pepengenan keras belajar, supel, easy going, PD duwur, public speaking sae, purun berkorban, tulus, kasih sayang tinggi kalih sinten mawon, aslinipun cuek, kurang peka, sering mboten narima kadaan, malesan, bawel . Putri Intan nggadahi perawakan alit, mripat alit damar kanginan, untu miji timun, rikmanipun panjang, pesek. Riwayat pendidikanipun Putri Intan Suko inggih punika TK HANDAYANI JOJOGAN - SDN 04 JOJOGAN - SMPN 2 PEMALANG - SMPN 1WATUKUMPUL - SMAN 1 BELIK - POLITEKNIK NEGERI SEMARANG. Mugi-mugi saged dados Putri ingkang sesuai pengarepan tiyang sepuh kekalih, saged berkembang, manfaat kagem nusa lan bangsa, Amiinn Yarabbal Alamin. Ngaturaken matur nembah nuwun.